1. Pangertene tembang Gambuh
Gambuh iku tambuh, embuh, jumbuh, gambuh, lan tembung kang awanda mbuh. Tegese Lanteh. Anggitane Natapraja. Kacarita mula bukane tembang iki lelagon gandarwa (raseksa) ing jaman Mataram. Digunakan kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/ galak)
2. Pathokan tembang Gambuh (guru wilangan lan guru lagune)
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
3. Watak tembang Gambuh
Watak tembang Gambuh iku supeketing kakulawargan/akrab, sumadulur. Ngandharake tantangan kang kereng. Cocok kanggo ngandharake bab-bab asipat paseduluran, pitutur, piwulangan, kekarepan.
4. Makna tembang Gambuh
Miturut maknane, tembang Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa pribadi kang sansaya diwasa.
5. Tuladha tembang Gambuh
3 5 5 5 5 5 56
samengko ingsun tutur
6 5 3 2 2 3 5 5 3 56
sembah catur supaya lumuntur
3 2 2 12 2 2 2 2 3 1 6 5
dhingin raga cipta jiwa rasa kaki
1 2 2 2 3 1 2 3
ing kono lamun tinemu
3 5 6 5 3 23 1 2
tandha nugrahaning Manon
6. Wos surasane tembang Gambuh (Wedhatama)
* serat Wedhatama ngajarake supaya sakabehe tindak tanduk becike mung walaka/ apa anane wae, menehi pangapura marang kaluputane liyan, ngedohi tidak nistha lan angkara murka
* Serat Wedhatama ngajarake supaya nindakake pitutur-pitutur ing tembang iki, manungsa iku kudu teguh lan santosa bebudene. semono uga kudu sabar, tawakal, ikhlas, lila, lan nrima ing pandum, kudu ajiwa pandhita, lan tanggap marang pungkasaning urip.
* Saliyane iku ing kene uga diajarake lamun guneman iku kudu nganggo aturan, aja waton guneman nanging guneman nganggo waton, sanajan sing guneman iku wis tuwa yuswane supaya tansah kajen ing sangarepe pawongan liya (nanging ta peksa tutur, rehning tuwa tuwasing mung catur bok lumuntur lantaraning ring utami, sing sapa temen tinemu, nugraha geming kaprabon)
* Serat Wedhatama ngajarake yen agama minangka cagaking urip. Saking kepengine ngajak manungsa ora nalisir saka garising Gusti, diajarake manembah marang Gusti kang kondahng sembah catur, sembah raga, cipta, jiwa, rasa, (agama ageming aji)
* Sembah raga yaiku manembah mring Gusti kang kawitan, yaiku kudu bisa nindakake prentah-prentah ing agama kanthi kasad mata. Pakulinan nindakake samubarang tindak ing ngalam bebrayan iki kang sesambungan karo bebrayan agung.
* Sembah cipta (kalbu) yaiku kanthi ngendhaleni hawa nepsu. Yen bisa nindakake kanthi temen bakal rumangsa ayem sajroning batin. Ing babagan iki sarate yaiku sabar, wening, lan eling saben tindak.
8 Sembah sukma yaiku ngresiki batin kanthi waspada lan eling. Bab iki bisa kaleksanan lamun ngulinakake tansah sokur mring Gusti kanthi njaga raga, rasa, lan batin supaya adoh saka batin culika lan nistha.
* Sembah rasa iku bisa dirasakake lamun awake dhewe wis ora mangu-mangu maneh marang kekuwasane Gusti kang Akarya Jagad.
GLADHEN
Wangsulana kanthi premati!
1. Jlentrehna pathokane tembang Gambuh!
2. Sembah rasa nduweni teges apa?
3. Sembah cipta ateges apa?
4. Dene sembah raga ateges?
5. Gawea tuladha tembang Gambuh kang surasane "pitutur becik"!
II.CRITA RAKYAT
A. Pangertene Crita Rakyat
Crita rakyat yaiku crita kang ngrembaka ing sawijining
dhaerah lan dianggep minangka asil karya kolektif (bebarengan) karo masarakat
ing papan iku. Umume, awujud lelakon cekak kang wose crita mujereake sawijining
tokoh. Kedadeyan, tokoh, lan konflik iku sawijining insur pokok crita, lan
katelune kanthi nyawiji diarani plot utawa alur. Kanthi mangkono crita iku kudu
duwe alur.
Crita rakyat (folklore) iku crita saka jaman kuna kang
isih urip ing madyaning bebrayan agung lan diwarisake kanthi lesan. Ing jaman
biyen biyasane crita rakyat dicritakake ana ing kalodhangan tinamtudening wong
kang nduweni kabisan tinamtu/khusus, kayata dhalang jemblung lan tukang
kentrung. Crita rakyat iki ngemot piwulang moral lan dianggep minangka pelur
lelara, yaiku nglipur kawula cilik kang durung kenal karo lelipur liyane luwih
modern.
B.
Unsur crita rakyat
Padha karo karya sastra crita liyane, unsur-unsur crita
rakyat yaiku:
a. Tema
Tema iku minangka ide pokok utawa permasalahan utama kang ndhasari
lakuning crita. Tema crita rakyat kang digunakake kaku, istanasentris, adat
istiadat, lan mistis. Surasane crita khayal lan fantasi.
b. setting
Setting iku minangka latar belakang kang mbantu cethaning laku crita.
Setting iku ngemot wektu, papan/pamggonan, lan sosial budaya.
c. Sudut Pandang
Sudut pandang ing crita rakyat yaiku nyritakake tokok, barang, papan,
kewan, lan sapiturute.
d. Alur/plot
Alur/plot yaiku rerangkene/cengkorongane prastawa/kedadeyan ing crita. Alur
diperang dadi 2 perangan. Alur maju (progresif) yaiku yen prastawa iku lumaku
kanthi trap-trapan adhedhasar kronologi tumuju ing alur crita. Dene alur mundur
(flash back progresif) yaiku dumadi kang ana sesambungane karo prastawa kang
lagi dumadi.
e. Penokohan
Penokohan
iku nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku. Paraga bisa dingerteni karaktere
saka tumindake, ciri fisike, lingkungane, lan sakpiturute.
f.
Konflik
Konflik yaiku perkara kang dadi punjere crita. Ing perangan iki pancen
diketokake perkara apa kang ndadekake crita dadi narik kawigaten. Sansaya
njlimet lan tlesih anggone gawe konflik, ndadekake crita iku ngundhakake kawigaten pandhemene.
C.
Karakter crita
rakyat
Crita rakyat yaiku perangan karya
sastra lisan kang nduweni karakter kaya ing ngisor iki.
* Anonim, tegese crita mau ora
kaweruhan sapa sing nganggit
* Kolektif, tegese merga ora
kaweruhan sapa sing nganggit crita mau dadi duweke masarakat bebarengan
* Dicritakake kanthi lesan
* Sing nyritakake saka generasi ke
generasi
D.
Wujud crita
rakyat
Wujud crita rakyat miturut William
R. Bascom ana 3 golongan, yaiku:
·
Mitos
Mitos dianggep bener-bener
kedadeyan. Kedadeyan ing alam daratan, segara, utawa langit. Paragane manungsa
sekti, dewa, kewan kang nduweni kasekten ora masuk akal kayata bisa mabur, bisa
urip ing segara, lsp. Tuladha crita mitos kayata crita Kanjeng Ratu Kidul ing
pesisir lor, critqa Alas Krenda Wahana ing Boyolali, crita Sunan Lawu ing
karanganyar.
·
Legenda
Legenda kedadeyan ing bumi lan
crita mau kaanggep bener-bener kadadeyan. Biasane crita mau ana petilasane
arupa watu, wit, gunung, kali,lsp. Tuladha crita legenda kayata: crita Baru
Klinthing, crita kedadeyane Kutha Semarang, kedadeyane Kutha Salatiga, crita
Joko Poleng ing Brebes, crita Kamandaka ing tlatah Banyumas, crita kadadeyane
Padusan Sumber Tuk Cokro Tulung ing Klaten, crita asal-usule jeneng Grojogan
Sewu ing Tawangmangu, crita Menara Kudus, lsp
· Dongeng
Crita dongeng
dianggep crita sing ngayawara, ora bisa dipracaya. Contone dongeng sato kewan,
tanduran, gaman,lsp. Tiladhane crita kang wis kondhang Kancil Nyolong Timun,
Keong Mas, Lutung Kasarung, crita Manuk Thilang kang becik atine, Semut lan
Kupu,lsp.
E. Sinopsis
Sinopsis yaiku ringkesan crita saka alur kang dawa dadi
cekak nanging bisa njlentrehake crita sakabehe. Nalika bakal nulis sinopsis,
bab-bab kang kudu digatekake yaiku:
·
Tema :
gagasan pokok, pokok crita
·
Latar :
papan lan wektu dumadine prastawa
·
Alur :
lakuning crita
·
Penokohan :
paraga crita
Soal Ulangan :
1. Apa sing diarani crita rakyat?
2. Sebutna unsur-unsur pambangun crita rakyat!
3. Apa sing diarani anonim?
4. Dene sing diarani setting
yaiku....
5. Apa sing diarani alur
mundur?
Soal Remidi :
1.
Apa ing dhaerahmu ana
crira rakyat?
2.
Sebutna tuladha crita
rakyat kang ana ing dhaerahmu!
3.
Sapa wae paraga kang
ana ing crita rakyat iku?
4.
Kepriye watake paraga kang ana ing crita rakyat iku?
5.
Dene setting kang ana crita rakyat iku kepriye?
Soal Pengayaan :
1.
Goleka tuladha crita
rakyat lumantar mediya liyane, kayata koran, majalah, internet,lsp!
Andharna unsur instrisike lan gawenen sinopsise!III. IKLAN
A. Pangertene Iklan
Iklan/pariwara iku sawijining pesen babagan barang/jasa
(produk) kang digawe dening produsen kang diandharake lumantar mediya
(cetak,audio,elektronik) utawa papan panggonan umum kang ditujokake marang
bebrayan agung. Ancase pariwara iku supaya masarakat kesengsem gelem tuku utawa
nggunakake barang utawa jasa kasebut.
Bab kang perlu digatekake nalika pariwara yaiku:
·
Ukarane cekak aos,
·
Basane prasaja,
gampang ditampa lan dipahami,
·
Tulisan lan gambare
narik kawigaten
B.
Pariwara tinulis (cara panggawene)
a. Gawenen tampilan (layout) kang prasaja/sederhana
b. Desain werna
c. Headline lan isi utama desain
d. Gaya tulisan
C.
Iklan ing
radhio duwe cakrik (karakteristik), kayata:
·
Theater of the mind, tegese pariwara kang dirungokake
kudu ngemot pesen kang ndadekake pamiyarsane duwe angen-angen (imajinasi)
tumrap pariwara kang dirungokake.
·
Pribadi, tegese pariwara roadhio pesene kaya-kaya ngomong
langsung marang pamiyarsane
D.
Pariwara radhio
iku lumrahe mung diwartakake saktleraman. Mula saka iku panulisane teks
pariwara becike:
·
Nulis kanggo micara, ora diwaca utawa disawang
·
Nulis minangka wujud komunikasi langsung
· Nulis kanthi
kreatif saka individu siji marang liyane
E. Cakrik pariwara yaiku:
· Pesen saka
produk yaiku audio, visual, lan gerak
· Piranti ing
pariwara TV luwih genep tinimbang pariwara radhio
Soal Ulangan :
1. Pawarta kang ditujokake kanggo umum lan surasane manehi pangerten tumrap
sawijining prastawa diarani apa?
2. Wara-wara kang surasane nawakake sawijining barang utawa papan diarani
apa?
3. Wara-wara kang surasane kasripahan diarani apa?
4. Mediya kang ngemot
pariwara yaiku... .
5. Wara-wara kang surasane
andon kaprigelan (lomba/festival), diarani apa?
Soal Remidi :
1.
Gawea tuladha wara-wara/pariwara
kang suranane lowongan gawean!
2.
Gawea pitakon kang ana
sesambungan kang digunakake ing pariwara!
3.
Setitekna
tembung-tembung kang digunakake ing pariwara, banjur cateten tembung-tembung
kang koanggep ora trep digunakake ing pariwara!
Soal Pengayaan :
1.
Goleka tuladha
pariwara abasa Jawa saka mediya liyane,kayata koran, majalah, internet,
buku,lsp.
2.
Sawise wis bisa
nemokake pariwara saka mediya liyane, banjur oncekana strukture!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar